Meniko asminipun " PAYUNG TUNGGUL JATI ".
Kode Alam kagem poro sanak kadhang lan putro kadhang sedanten
Lan wonten unen-unenipun kagem pangiling-ieling :
" PAYUNG TUNGGUL JATI "
Eling djenengsiro Putraningsun...
Asaliro ono iki saka manunggaling roso sejati
Duk naliko manunggaling Rama-ibunira
Sakarone manunggal sawidji rangkul-sinangkul
Tan purun pisah a yayi
Lamun roso sakarone durung Midjil
La iku ananiro ing madya-podo
Marmo djenengsiro ojo wani-wani marang wong atuwoniro
Yektine kang Anjangkung klawan dadiyo Pepayungiro
Sinebut Payung Tunggul Djati ...
Kedadosan meniko kagem ngelingi poro menungso supadus Eling marang
Asal-usulipun URIP lkang kalenggahan ROSO.
SUMONGGO DIPUN UDAR lan piyambak-piyambak........Sembah sungkem RAHAYU SLAMET .